Contoh Teks MC Bahasa Jawa Sederhana

 TEKS MC JAWA

 

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Almukarrom, Poro Sesepuh Pinisepuh, wabil khusus Romo K.H. Anwar Zaid

Ingkang Kawulo Hurmati

Bapak Kepala Desa soho perangkatipun

Bapak Ketua Takmir Masjid Al Ikhlas

Lan mboten kesupen, poro jamaah ingkang sampun rawuh ing dalem adicoro puniko.

 

Ing dalem kesempatan meniko, monggo kito sareng-sareng Muji Syukur Dumateng Allah Subhanallahu Wata’ala, Ingkang sampun maringi kito rohmat soho hidayahipun sehinggo kito saget kempal ing dalem Adicoro “Peringatan Isro’ Mi’roj Nabi Besar Muhammad S.A.W”

 

Sak lajengipun, sholawatan lan salam kito tujuaken dumateng Nabi Agung Muhammad SAW, mugi-mugi kito sedoyo saget kelebet ing ndalem ummatipun, ing kang pinaringan syafaat fii yaumil akhir, aamiin.

 

Poro Jamaah ingkang minulyo, Kulo Apriliyanti Shinta selaku pranoto adicoro, badhe maosaken susunan adicoro ing dalem dalu meniko.

1.    Adicoro Pembuka

2.    Waosan Ayat Suci Al-qur’an

3.    Sholawat Bil Qiyam

4.    Sambutan-sambutan

5.    Mauidhoh Hasanah

6.    Doa

 

Hadirin Wal-hadirot rahimakumullah.

Adicoro ingkang sepindah inggih puniko adicoro pembuka, monggo kita sareng-sareng maos ummul qur’an suuratul fatihah, mugi adicoro ing dalem dalu puniko saget lancar tanpo alangan punopo, ilaa hadrotin....

Matur Suwun, Adicoro ingkang nomer kalih, inggih puniko waosan ayat suci al-qur’an ingkang dipun waosaken dening Ibu Zulaikah, Dumateng Ibu Zulaikah kawulo sumanggaaken.

Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos meniko, mugi-mugi dadosaken manfaat kususipun dumateng ingkang maos, ugi sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan sami.

Para hadirin Ingkang minulyo, sak lajengipun inggih puniko Sholawat Bilqiyam. Mugi-mugi kito tansah pinaringan syafaat saking kanjeng Nabi Muhammad SAW fiddini waddunya wal-akhiroh, amin. Dumateng Grup Al banjari Nurul Huda, kawulo sumanggaaken.

Matur suwun, Adicoro ingkang nomer sekawan Inggih Puniko Sambutan-sambutan.

1.    Ketua Panitia; Bapak Rohman, S. Pd.

2.    Kepala Desa Jatigede; Bapak Kastari.

Matur Suwun, Candak adicoro selajengipun inggih puniko Mau’idhoh hasanah soho doanipun saking Romo K. H. Anwar Zaid. Sumonggo kito pirengaken nasihat soho pituduh saking almukarrom Romo K. H. Anwar Zaid. Dumateng Romo K. H. Anwar Zaid, kawulo sumanggaaken.

Matur Sembah Nuwun, mekaten peringatan Isra’ mi’roj Nabi Besar Muhammad SAW, mugi-mugi acara puniko saget dadosaken manfaat dan barakah kangge kulo lan panjenengan sedoyo.

Kulo selaku pranoto adicoro, nyuwun pangapunten ingkang sak katah-katahipun mbok bilih enten kirang langkungipun.

Akhirul kalam wallahum muwafiq

Wassalam...

Kalian bisa Download text mcnya dibawah ini :

 DOWNLOAD TEXT MC 


Untuk penggunaan dan contoh intonasinya kalian bisa lihat youtube aku dibawah ini




Terima Kasih Semoga Bermanfaat 

No comments for "Contoh Teks MC Bahasa Jawa Sederhana"